Ati

Ati (Grikenlan: ἡπαρ, hēpar) wujud klanjer gedhé dhéwé ing njero awak, manggon ana njero gronggongan weteng sisih tengen, peneré ing sangisoré diafragma. Ati iku sawijining organ ing vèrtebrata, kalebu manungsa. Organ iki duwé peran wigati ing métabolisme lan duwé sapérangan fungsi ing awak/badan kalebu panyimpenan glikogen, sintesis protéin plasma, lan netralaké obat. Ati uga mrodhuksi bile, kang wigati kanggo pancernan. Adhedhasar fungsiné, ati uga kalebu minangka piranti èkskrèsi. Iki amarga ati mbiyantu fungsi ginjel kanthi cara mecah sapérangan senyawa kang asifat racun lan ngasilaké amonia, urea, lan asem urat kanthi mupangataké nitrogen saka asem amino. Prosès pamecahan senyawa racun déning ati diarani prosès detoksifikasi. Lobus ati kawangun saka sèl parenkimal lan sèl non-parenkimal. Sèl parenkimal ing ati diarani hepatosit, manggoni watara 80% volume ati lan nglakokaké manéka fungsi utama ati. 40% sèl ati ana ing lobus sinusoidal. Hepatosit wujud sèl endodermal kang kastimulasi déning jaringan mesenkimal kanthi terus-terusan wiwit embrio nganti ngrembaka dadi sèl parenkimal. Sakwéné wektu mau, dumadi paningkatan transkripsi mRNA albumin minangka stimulan proliferasi lan diferensiasi sèl endodermal dadi hepatosit. Lumen lobus kawangun saka SEC lan dipanggoni déning 3 jinis sèl liya, kaya ta sèl Kupffer, sèl Ito, limfosit intrahepatik kaya ta sèl pit. Sèl non-parenkimal manggoni watara 6,5% volume ati lan mrodhuksi manéka substansi kang ngendhalèkaké akèh fungsi hepatosit. Filtrasi wujud salah siji fungsi lumen lobus sinusoidal kang misahaké lumahing hepatosit saka getih, SEC duwé kapasitas endositosis kang gedhé banget kanthi manéka ligan kaya ta glikoprotein, komplèks imun, transferin lan seruloplasmin. SEC uga duwé fungsi minangka sèl presenter antigen kang nyedhiakaké èksprèsi MHC I lan MHC II kanggo sèl T. Sèkrèsi kang dumadi ngambah manéka sitokina, eikosanoid kaya ta prostanoid lan leukotriena, endotelin-1, nitrogen monoksida lan sapérangan komponèn ECM. Sèl Ito ana ing jaringan perisinusoidal, wujud sèl kanthi akèh vesikel lemak ing njero sitoplasma kang ngiket SEC kuwat banget nganti mènèhaké lapisan gandha ing lumen lobus sinusoidal. Nalika ati ana ing kaanan normal, sèl Ito nyimpen vitamin A guna ngendhalèkaké kalenturan matriks èkstraselular kang diwangun mawa SEC, kang uga wujud kalenturan saka lumen sinusoid. Sèl Kupffer ana ing jaringan intrasinusoidal, wujud makrofaga kanthi kamampuan endositik lan fagositik kang ngéramaké. Sèl Kupffer sadina-dina interaksi karo matérial kang asalé saka saluran pancernan kang ngandhut larutan bakterial, lan nyegah aktivasi èfèk toksin senyawa mau menyang njero ati. Paparan larutan bakterial kang dhuwur, mligi paparan LPS, gawé sèl Kupffer nglakokaké sèkrèsi manéka sitokina kang micu prosès paradhangan lan bisa ngakibataké tatu ing ati. Sèkrèsi antarané ngambah spesi oksigèn reaktif, eikosanoid, nitrogen monoksida, karbon monoksida, TNF-α, IL-10, minangka rèspon kakebalan turunan sajeroning fasa infèksi primèr. Sèl pit wujud limfosit kanthi granula gedhé, kaya sèl NK kang manggon ing ati. Sèl pit bisa ngindhuksi pepati sanalika ing sèl tumor tanpa gumantung ing èksprèsi antigen ing komplèks histokompatibilitas utama. Aktivitas sèl pit bisa ditingkataké kanthi stimulasi interferon-γ. Saliyané iku, ing ati isih ana sèl T-γδ, sèl T-αβ lan sèl NKT. Sebutan medhis kang ana gandhéngané karo ati lumrahé diwiwiti nganggo hepat- utawa hepatik saka tembung Yunani kanggo ati, ya iku hepar.


Developed by StudentB